Cerkak


Aku Kembaranku lan Ibuk Bapakku

Tokk…tok…tok…
Aku tangi seko ngimpiku ngubengi endahe ndonya iku. Ora sue aku krungu suara sing ora anyar meneh ing kupingku.
“Nduk tangi, uwes esuk”

Tak bukak alon-alon mripatku ingkang iseh abot amerga iseh ngantuk, aku ndelok jam ing tembok uwes jam 04.30. tak jawab suara ingkang alus mau
 “nggeh, sekedap malih”, wangsulanku ingkang karo tak peksa amerga saking malese tangi.
“ojo lali sholat subuh nduk, banjur ngewangi ibuk neng pawon”, pendhak dina suara iku mesti krungu ing wayah esuk, yo iku mau suarane ibukku ingkang paleng aku tresnani. Aku tangi lan njupuk karet ing mejaku banjur rambutku seng dawane sak pundhak iku mau tak kucir. Banjur aku njupuk banyu wudhu lan numuju ing ruang sholat banjur sholat subuh.
Ooo, , ,iyo jenengku Putri aku neng ngomah urip kalian ibuk, bapakku lungo ninggalke aku kalian ibukku nalika aku iseh umur sedino. Tekan saiki aku urung reti sopo bapakku aku ora tega yen arep takon marang ibuk amerga ibuk mangkel banget marang bapak. Aku tresna banget marang ibuk amerga ibuk uwes ngorbanke uripe kanggo nyukupi kebutuhan lan uwes ndidik aku nganti gede.
Rampung sholat subuh aku banjur neng pawon ngewangi ibuk masak kanggo sarapan esuk lan gawe gorengan. Ibukku gawe gorengan dinggo didol ing warung-warung kanggo nyukupi kebutuhanku lan mbayar sekolah. Ibukku mbanting awak golek duit supaya aku bisa terus sekolah, ibuk ora gelem yen aku pedhot sekolahe aku kudu dadi wong sukses lan ngerti pendidikan iku ngendikane ibuk. Sakwise ngewangi ibuk aku banjur siap-siap sekolah.
“nduk, gorengan iki titipna ing koperasi opo kantin sekolah yo” perintahe ibuk.
“nggeh buk, la pundi gorengan ingkang nembe dipun titipke ten warung-warung?”
“ora sah nduk, koe cukup nggowo gorengan sek dititipke ing koperasi wae, sek neng warung-warung ben ibuk sek ngeterke mengko ndak koe telat le sekolah”
“mboten nopo-nopo buk mengkeh ndak ibuk sayah”
“wes rasah ngeyel, gek ndang mangkat wes jam enem ojo awan-awan le mangkat”
“nggeh buk, kula pamit rumiyen ibuk ngati-ati nggeh”
“ibuk sek kudune muni ngati-ati ki nduk, sinau sek bener rasah kakean polah ing sekolah”
“nggeh buk, assalamualaikum”
“waalaikumsalam”, sakwise salim marang ibuk aku banjur numpak pit mangkat sekolah, jarak sekolah karo omahku lumayan adoh sak jam yen tak tempuh nganggo pit aku ora tega yen arep njalok pit motor marang ibuk amerga kanggo mbayar sekolah we ibuk kudu kerjo esuk sore.
* * *
Tibane neng sekolah…
“Gorengan…gorengan…hahaha”
kaya suarane bocah songong ing jero atiku mbatin lan bener iku suarane koncoku sek paling tak sengiti suara iku pendak dina nyambar kupingku, putra bocah kang uripe kecukupan lan paling ora gelem kalah karo konco-konco liyane ing sekolah ngrasa paling sugeh lan paling bagus, bocah sek paling ora gelem akrab marang wong kaya aku.
Sakwise aku parkir pit banjur aku numuju ing kantin sekolah nggawa rantang isi gorengan.
“hahaha…arep sekolah opo bakul gorengan buk, gorengan gaweanmu kui mesti ora enak”
kanthi suara pedes lan atos putra ngece aku nanging suara mau uwes kerep tak rungokke aku mung mbales kanthi mesem. Deweke pancen bisa urip penak lan kecukupan nangeng aku ora tau iri amerga aku iseh bisa madang lan sekolah uwes matur nuwun banget marang gusti Allah, nggawa gorengan ing sekolah ora gawe awakku isin lan minder amarga sek tak lakoni halal meski ora setitik konco-konco sek nyinder nanging kui ora ngelongi rasa semangat ing atiku. Aku kelingan teros pituture ibuk yen kabeh uwong kie podo arep sugeh opo mlarat dadi ora perlu iri sebab uwong kie uwes ndue garis takdire dewe-dewe.
Tettt…tettt…tettt…
bel masuk ing sekolah ku uwes muni aku banjur mlayu ing kelas pelajaran sepisan di isi matematika sakwise jam kepisan banjur jam kepindo di isi basa inggris nanging reti-reti awakku krasa rapenak mumet cenut-cenut ing sirahku aku ijin marang bu guru arep neng UKS nanging agi arep tangi seko kursi awakku krasa abot lan sue-sue ketok peteng.
Mripatku tak bukak lan aku uwes neng UKS tak delok ing ngandengku ono bocah songong yaiku putra.
 “ngopo koe neng kene arep ngece aku meneh po?” pitakonku marang putra
“wes tak gendong rene ra reti matur nuwun koe mau semaput nek ra kepepet aku yo ora gelem nulungi koe bocah udik” wangsulane putra marang aku
“ooo…dadi koe kepepet nulungi aku?”
“wes rasah crewet ndak semaput meneh koe, engko aku sek repot”
Aku banjur meneng sirahku krasa mumet awakku panas, aku krasa mumet wes patang dina iki nanging aku ora wani omong marang ibuk aku ora gelem gawe ibuk repot, aku reti ibuk uwes kerjo nganti kesel mengko nek reti aku loro mundak ibuk yo melu loro mergo kesel mikir awakku, aku banjur digawa neng rumah sakit amerga saking panase awakku pak guru akon putra ngeterke aku, aku mbonceng motor karo putra neng dalan sirahku krasa kliyengan kabeh donyane mubeng-mubeng. Tekan rumah sakit aku langsung ditangani dokter awakku lemes aku banjur diinpus mergo saking lemese aku. Putra mlebu neng ruangan, bocah seng ora tau akur karo aku yen nek ketemu koyo kucing lan kirik ujuk-ujuk dadi kalem lan alus marang aku.
“matur nuwun yo owes nggowo aku, nanging aku bali wae aku ora kuat mbayar kabeh iki” omonganku marang putra kanthi suara lemes
“wes rasah crewet, lagi loro opo ora tetep crewet wae koe delok awakmu lemes banget koyo ngono kok arep muleh”
“la aku mesakke ibukku yen kudu mbayar rumah sakit iki, aku bali wae yo aku ora popo”
“koe kie ngeyel tenan, rasak tok piker kabeh iki sek penting koe mari, ibukmu engko tak omongane”
“ojo…ojo… ibukku ojo di kandani aku ora gelem gawe ibuk kawatir marang aku”
“ojo piye ibumu kudu reti rasah kakean cerewet koe turu wae awakmu lemes banget”
Krungu putra omong kabeh mau atiku adem tenan, tak kiro wonge kie pancen ndue ati koyo wesi nanging ora tak kiro yen wonge kie kalem tenan.
“aku tak ngomongi ibukmu disek koe neng kene ati-ati nek ono opo-opo nyeluk sustere wae” akone putra marang aku
“yoo…matur nuwun neng ati-ati yoo nek omong marang ibuk ndak ibukku kaget”
“iyoo aku reti kudu kepiye” putra lungo ninggalke aku karo mesem.
* * *
Tookkk…tokkk…tokkkk….
“assalamualaikum bu”
“waalaikumsalam, sinten nggeh?”
Ibuke putri mbukak lawang nganti mlongo lan ndomblong mergo ndelok putra atine deg-degan mergo ndelok raine putra
“bu..ibukk…”
“buk..nyuwun sewu buk”
“woo nggehh nggehh nyuwun ngapunten mas…wonten nopo cah bagus” wangsulane ibune putri karo kaget amerga ketungkul mlongo nggatekke raine putra saengga ora krungu yen putra nyeluk.
“buk, kula rencange putri”
“koncene putri la ono perlu opo rak yo putri neng sekolah to”
“niku buk, emmmm….anu….emmmm…?” putra ora tego arep omong marang ibukke putri.
“ngopo to lee kok amm…emmmm…amm..emmm wae ki”
“nyuwun sewu buk, nangeng ibuk mboten sah kaget nggeh putri mboten nopo-nopo”
“la emang putri kenopo to le?” pitakone ibune putri kanthi nyekel tangane putra atine wes krasa ra penak.
“buk putri ten rumah sakit put……..”
“opooo putri neng rumah sakit… kenopo…kenopo… le kok iso putri neng rumah sakit” ibune putri takon kanthi nanges banjur putra neruske omongane sek mau kepedot
“putri panas buk, ngendikane dokter putri sakit demam berdarah”
“duh gusti..putri…teros piye le putri”
“putri sae-sae mawon buk nangeng dokter nyaranke supados putri leren rumiyen nginep ten rumah sakit”
“yaa Allah le…nggeh ibuk nyuwun tulung diterke neng rumah sakit?”
“nggeh monggo buk mbonceng kula”
* * *
Ibune putri moro neng rumah sakit karo putra nanging tekan rumah sakit dokter nggoleki keluargane putri.
“wonten nopo dok putri boten nopo-nopo to dok?” pitakone ibune putri marang pak dokter
“anu buk..putri butuh getih amerga okeh kelangan getih lan awake lemes, butri butuh getih O persediaane ten rumah sakit telas nopo ibuk kagungan getih O”
“adohhh dok, getih kula niku A”
“dok getih kula O dokter mang pundhut getih kula mawon” wangsulane putra marang dokter.
“cah bagos ibuk matur nuwun tenan nggeh, ibuk ora reti kudu mbales kepiye kabeh iki”
“sampun buk mboten nopo-nopo”
Sakwise kui putra karo ibune putri mlebu kamare putri nemoni putri.
“put…piye nduk cah ayu ora popo to koe?” pitakone ibuk marang putri
“mboten nopo-nopo buk kula sae-sae mawon”
Took….tokkkk…tokkk
Pak dokter mlebu kamare putri arep ketemu ibune putri.
“nyuwun sewu buk, ibuk saged nderek kula wonten ruangan kula, kula badhe ngendika kalian ibuk”
“injeh pak dokter sekedap nggeh”
* * *
“cah bagus tulung nggih kancani putri ibuk tak nemoni pak dokter dilit” perintahe ibuk marang putra
“injeh buk boten nopo-nopo” wangsulane putra
“putri rapopo dewe buk ndak ngrepoti putra wes akeh ngrepotke aku buk”
“wes rasah crewet to koe kie”
Ibune putri lungo seko ruangan karo mesam-mesem ngerti putra karo putri pada gelot.
“ehhh..cah songong koe kie kesambet setan opo to kok reti-reti ora ono angin ora ono udan ujuk-ujuk koe apik karo aku?” sindir e putri marang putra
“laa ngopo..? aneh poo?”
“yoo ho’o laah mbendinone we ngece-ngece aku kok koe, nganti rupamu koyo kebo nek nesu-nesu kae”
“wooo…baguse koyo ngene kok dipadakke kebo, enak wae koe kie agek ibumu we omong nek aku bagus kok, hahahaha”
“welehhhh…pretttt… PD tenan koe koyo ngono kok bagus, gek dijawab pitakonku mau!”
“pitakon opo…?”
“rasah sok pikun to koe ki”
“aku ki sek tenan ora ndue niat ngece koe tapi aku minder karo koe gengsi ngono basa gaule mosok aku kalah karo cah wedok koyo koe lan aku yo iri marang awakmu mulane aku sok jual mahal marang koe, yoo nyuwun ngapunten yen omonganku wingi-wingi katon pedes ing atimu lan nylekit”
“laa emang koe kalah opo lan opo sek mbok ireni marang aku rak yo koe ndue sak kabehe sek mbok butuhke to?”
“sugeh bondo ora gawe ayem atiku, aku ora reti sopo ibukku bapak ora tau cerito marang aku lan aku iri karo koe, koe ndue ibuk sek tresna marang koe lan koe yo bocahe sregep uga pinter meski ora ndue, laa aku sugeh nanging ora seneng uripku” wangsulane putra karo ngampet nanges
“uwes…ojo omong ngono kabeh ki podo, aku yo podo aku ora reti sopo bapakku”
“nanging ibukmu tresna marang koe, la bapakku kerjo teros nganti ra ono wektu nggo aku”
“yo sabar wae, bapakmu golek duit yo nggo koe”
“iyoo sih, alah uwes malah ngomongke bapakku, koe turu wae wong agi bar tambah getih to”
“aku ora popo kok aku uwes mari”
“halahh ngueyel mu kui”
“koe ki wonge nyenengke yo nek ngeneki”
“haha…biasa wae mbak, aku seneng iso ngobrol marang koe aku ora arep gengsi meneh, maaf yoo wingi-wingi polahku wes gawe loro atimu”
“ora popo, aku ora tau mikir kui kok”
putra reti-reti meneng lan reti-reti nanges ndelok putri lemes ing papan turu amarga kaya ana rasa seng aneh nanging putra ora reti rasa apa kui, kaya mesakke nanging rasane putra ya ngrasakke lorone putri.
 “loo… loo… ngopo kok nanges koe ki aku salah omong yo?”
”ora kok aku ora ngopo-ngopo mung kelilipan wae”
“aneh koe ki gek kelilipan opo… sandal po?”
putra mesem krungu putri ngomong ngono
“ho’oo paling put…hehehe”
* * *


Ibune putri teko kanti mesam mesem ndelok putra lan putri pada cekikikan.
Ibune putri ndelengke putra nganti ora kedhep. Ibune putri kaya ngrasa aneh yen ndelok putra yen didelok koyo persis sopo ngono nanging ibune putri ora reti bayangane sopo sek dibayangke ing raine putra.
“wonten nopo to buk kok ndelok putra nganti ora kedep kie” pitakone putri
“oraa popo nduk cah ayu” wangsulane ibuk
“wadohhh buk kula dadi isin di delokke ibuk, kula bagus nggeh buk, hehehe”
“iyo nak putra awakmu kie bagus tenan yo apikan lan sopan”
“adohhh buk sampun to ndak mangkeh sirahe putra niku gede buk” putri nyambung-nyambung omongane ibuk
“ngopo to koe kie sirik wae…weekkkk”
Putri cemberut krungu wangsulane putra.
“hahahaha…koyo bebek koe nek lambemu ngono kui”
Ibune putri mung nggguyu reti bocah loro mau podo ece-ecenan
“nak putra ibuk matur nuwun banget yo”
“loo matur nuwun nopo buk”
“yo mau uwes nggowo putri rene, nyumbangke getih lan uga sampun dibantu mbayar pengobatane putri”
“boten nopo-nopo buk kalian kangge nebus kesalahan kula marang putri amargi kerep ngece putri yen wonten sekolah”
“ibuk ora reti kudu mbales piye nak putra, ibuk bakal ngganti biayane nanging dicicil yo”
“boten sah buk, kula ikhlas kula nggeh sampun matur bapak yen arto ne kula agem kangge mbantu pengobatane putri”
“matur nuwun banget yo nak putra, kalian aturke matur nuwun ibuk marang bapakke nak putra”
“aku yo matur nuwun put, koe wes ngewangi aku nanging aku ora penak dadian marang koe” putri melu nyambung obrolane putra lan ibune
“kok dadi matur nuwun matur nuwuan to” putra nggoda ibune putri lan putri
Ing jero kamar kabeh katon seneng putra ngrasa penak yen amor putri lan ibune putri, putra ngrasa ayem neng kono.
“kula seneng buk saged kenal ibuk amargi kula mboten ngertos sinten ibuk kula, bapak mboten tau cerito sinten ibuk kulo” ceritone putra marang ibune putri kanti nanges
“nak putra rasah nanges, koe iso anggep ibuk iki dadi ibukmu yen koe gelem”
“iyo put anggep wae ibukku kui yo ibukmu” putri melu-melu
“nggih buk kula purun amargi kula mboten tau ngrasakke gadah ibuk”
putra banjur ngekep ibune putri lan nanges, putri melu-melu nanges ndelok putra ngekep ibune nganti kenceng.
* * *
Wes telong dina putri neng rumah sakit, putri oleh digowo bali, putri diterke bali marang putra neng ngomah ibune putri uwes nunggu neng ngarep lawang.
“rene-rene do mlebu sikek ibuk uwes gawe gorengan”
“nggeh buk” putra lan putri wangsulan bareng
“enak tenanan gorengan damelane ibuk” omongane putra
“wuuu…omonge ora enak yen aku nggowo neng sekolah kae” sindir  ee putri
“koe ora reti wae aku ki kerep tuku neng kantin”
“alahhh ndadak nggaya barang e koe kie”
“alahh uwes-uwes malah do rame wae to” ibune putri karo mesem ndelok bocah loro mau podo padu.
* * *
Ing sawijining dina
Tinn…tinn…tinnn…
Suara klakson mobil, putri sek agi mlaku kaget
“hee put ayo bali bareng aku” ajake putra marang putri
“rasah aku tak mlaku wae”
“rasah ngeyel to ayoo…”
Akhire putri gelem nebeng putra numpak mobil ing jero mobil putra karo bapakne banjur podo cerito-cerito
“putri iki bapakku urung kenal to koe”
“oooiiyooo…kula putri pak rencange putra”
“oooww koe to nduk sek jenenge putri” wangsulane bapakne putra
“injeh pak”
Ing jero mobil kabeh podo geguyon nganti ora kroso yen wes tekan ngarep omahe putri
“pak monggo mampir rumiyen mangkeh kula kenalke ibuk kula”
“injeh pak mampir sekedap nggeh kula kangen marang ibune putri, mangkeh bapak kula kenalke marang ibune putri, ingkang sampun kula anggep ibu kula pak”  
“yoo tp dilit wae yoo le” wangsulane bapakne putra
Putra, putri lan bapakne putra pada mlebu omahe putri
“put aku terke neng kamar mandi yook” ajak e putra marang putri
“yoo ayoo…pak sekedap nggeh kula tak ngeterke putra rumiyen”
“iyoo nduk rapopo”
Nalika putra lan putri lunga ing kamar mandi ibune putri teka mulih seka warung
Nanging ibune putri katon kaget ketemu bapakne putra
“astaga…mas heru…?”
“yatii…!”
“ngopo mas ra ono udan ra ono angin koe rene opo koe arep gawe leloro aku meneh…?”
“looo iki omahmu ti…?
“ho’oo mas, ngopo koe tekan kene aku wes ora gelem ngeleng-eleng koe meneh”
“tii aku nyuwun pangapura aku ndisek ora ndue niat ninggalke koe”
“teros opo mas, aku dewe ngurus anakku, koe lungo ora menehi kabar”
“aku longo golek duit ti aku ora gelem urip susah teros”
“tapi yo ora ngene carane mas koe lungo ninggalke aku lan anakmu”
Putra lan putri kaget krungu omongane bapak ibune
“nopo buk pak heru niki bapak kula” pitakone putri
“iyoo nduk tapi ora pantes meneh koe nyebut lenangan iki bapakmu”
“terus kula niki sinten pak” pitakone putra marang bapakmu
Kanti nanges bapakne putra cerito sak kabehe marang putri, putra lan ibune putri
“aku nyuwun pangapura, putra iki kembarane putri aku nggowo putra nalikane bar lahir aku omong marang bidan supaya ngandani koe yen anakmu ora sido kembar teros aku lungo amarga ora gelem urip susah terus, aku nyesel ti” kabeh kaget koyo kesambar petir nalika bapakne putra cerita yen putra lan putri iku kembar
“sak gampang ee koe njalok pangapura marang aku, aku butuh wektu, mas putra iki anakku kembarane putri kok koe tego nelantarke aku lan putri terus koe tego misahke putra kalian aku lan kembarane dewe, setan opo to mas sek ono nek awakmu ki, berarti bener atiku iki yen ket sepisan aku ketemu putra aku ki ngroso koyo iruh putri ing awake putra ...? Ibune putri nesu-nesu marang bapakne putra
Putra lan putri mung pada nanges banjur ngekep ibune.
Sawise kadadean kui putra milih sak omah marang ibune lan kembarane, ibune putri butuh wektu sue kanggo nglalekake kadadean iku.
* * *

Oleh : Denada Puspacinta Yuni Sunanta




Just Me ;)